TEGAL – Nang Kabupatén Tegal winginané ana maling loro diamuki warga nganti benjut. Maling sing arané Obi (32) lan Hengki (32) kuwé kecekel warga wayah konangan pan nyolong nang umah sing ana nang Désa/kecamatan Dukuhturi, dina Kemis (3/9/2020).
Sing duwé umah, Agus (35) ngomong, awalé dhéwéké ngaku kaget wayah teka nang umahé sing ana nang RT 2, RW 2, Dukuh Rawa, Dukuhturi, weruh wong loro asing sing belih dingerténi daning dhéwéké.
“Ésuk wayah mangkat nyambut gawé, latané balik maring umah ana perlu jam sanga ésuk jebulé ana maling,” omongé Agus maring wartawan, nang Markas Polsék Tegal Kidul.
Soalé krasa dadi korban kejahatan, dhéwéké latané gemboran “maling” sing akhiré ngundangi warga. Pelaku sing kedangdapan malah sempet ngedengi lading.
Sementara, wong loro sing ngenteni nang ndhuwur motor belih adoh seka umahé langsung mlayu. “Nyong gemboran maling-maling, nyambi metu mlayu pelaku sempet ngacungna lading,” jaréné.
Agus ngomong, nyambi mlayu pelaku nggawa dompet sing isiné duwit Rp 350.000 lan ana pirang kartu ATM. “Untung warga krungu gemborané nyong lan ngoyok pelaku,” omongé.
Pelaku akhiré dicekel lan nggo empan-empanan warga. Sawisé pada benjut, pelaku akhiré diamankna Bhabinkamtibmas Kelurahan Tunon, Polsék Tegal Kidul.
“Sing ngamankna kuwé anggotané dhéwék. Tapi merga lokasi kedadénan nang wilayah hukum Polsék Dukuhturi, langsung dhewek balangna maring Polsék Dukuhturi,” omongé Kanit Reskrim Iptu Pranoto makili Kapolsék Tegal Kidul, Kompol Juharno.
Salah siji pelaku, Obi ngomong, wayah nglancarna aksiné mesti wong papatan. Wong loro tugasé ngenténi nang motor, lan sing loro liyane tugase ngimpleng umah suwung sing wis diinggeng sadurungé.
Obi ngaku, klompoké kuwé asalé seka Jakarta lan nginep nang Hotel Kencana Brebes. “Nyong diejak batir méné. Mbené ngarti sawengi nginep jebulé pan diejak nyolong,” omongé.
Bareng karo pelaku, polisi ngamankna ana pirang barang bukti. Nang antarane 2 bendo, 2 lading, 5 dompet, tas ireng, lan anggo-anggo. (*)
Referensi Panturapost.com